UPACARA TINGKEBAN

https://www.google.co.id/search?biw=1366&bih=662&tbm=isch&sa=1&ei=qkshWuqEBKCcvQSvhbaICA&q=tingkeban+adat+jawa&oq=tingkeban+ja&gs_l=psy-ab.1.0.0i8i30k1l5j0i24k1.40598.41600.0.42881.3.3.0.0.0.0.196.485.0j3.3.0....0...1c.1.64.psy-ab..0.3.483...0j0i5i30k1j0i30k1.0.WMzevyFapuw#imgrc=_obnma3oRV7wqM:


Upacara tingkeban utawi mitoni. Mitoni saking tembung pitu ingkang ateges angka pitu (7). Upacara ditindakaken manawi kandhutanipun priyantun estri, yuswanipun sampun pitung sasi.Upacara tingkeban punika salah satunggaling tradisi masyarakat Jawa. Ancasipun kagem nepangaken bilih pendhidhikan punika dipuntindakaken wiwit wonten jalmi ung kandhutan dumugi dewasa.
Wonten ing upacara kasebat, biyung ingkang nembe ngandut pitung sasi dipun siram ngangge toya sekar setaman ingkang dipun paringi dedonga ingkang mligi kagem biyung saha jabang bayinipun. Donga kasebat gadhah ancas nyuwun dhumateng Gusti, supados tansah paring rohmatipun saengga bayi ingkang badhe dipunlairaken slamet tanpa wonten alangan satunggal menapa.Upacara tingkeban dipunadani ing dinten pinilih, wekdal kangge ngadani upacara niki ingkang sae ing wanci 09.00-11.00 lan dipun wiwiti ing pukul 15.00-16.00 amargi priyantun Jawa pitados bilih ing wekdal punika bidadari saweg mandhap ing bumi kagem siram.Busana ingkang dipunagem calon ibu inggih punika, kalih meter lawe, rasukan dalam, kebaya 7 potong, kain batik 7 lembar salah satunggalipun motif truntum, saha stageen.
Ubarampè ingkang dipun-ginakaken ing upacara tingkeban inggih awujud manèka warna dhedharan. Dènè ancasipun wonten dhedharan punika minangka tandha sukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuawaos awit sedaya sih nugrahanipun.
1.     Tumpeng Kuat. Tumpeng kuwat minangka simbol supados bayi ingkang badhé dipunlairaken samangkè séhat saha kuwat. Bahan ingkang dipun-ginakaken inggih punika wos. Tumpeng ugi dipunhias ngginakaken tigan ayam godhog 35 iji, tahutèmpè, iwak asin goreng, lombok mentah ingkang dipundamel rerenggan saha tèrong mentah ingkang dipunoncéki ananging kulitipun tetep taksih nèmplèk, saha dipunsukani urab-uraban.
2.     Jajan Pasar. Jajan pasar punika boten kedah dipundamel piyambak ananging tumbas kèmawon wonten ing pasar. Jajan pasar ingkang dipuntumbas antawisipun kuè apem, kuè cucur, kuè bolu, kuè lapis, saha woh-wohan kados ta, nangkajerukbengkowangtimunpisang, kacang godhog, lan sapanunggalanipun. Sedaya jajan pasar kala wau dipuntata kanthi rapi nembè dipunsajikaken.
3.     Keleman. Keleman inggih punika kados ubi-ubi nan. Keleman ingkang dipunbetahaken dados ubarampè upacara tingkeban arupi pitung jinis, kados ta: ubi jalartèlagembilikenthangwortelganyong, saha erut. Manèka warna keleman dipunsajikaken wonten ing satunggal wadhah kados ta nyiru.
4.     Rujakan. Rujakan punika kadamel saking manèka warna woh-wohan kados ta: jeruk, timun, blimbing, pisang watu, lan sapanunggalanipun. Sedaya bahan rujak dipuncampur dados satunggal saha dipunsajikaken kanthi saé ngantos raosipun rujak èco. Ancasipun inggih supados bayi ingkang badhé dipunlairaken samangkè saged ngremenaken kulawarganipun.
5.     Dawet. Kangge nggampilaken anggènipun damel, dawetipun saged dipuntumbas wonten ing pasar saha ing griya namung kantun mangsak dawetipun kanthi dipuncampur santen supados raosipun èco. Manawi kepéngin seger saged dipuntambahi ugi és batu.
6.     Sajén Medikingan. Sajén punika dipundamel kanggé lairanipun putra ing sangandhaping putra bajeng piyambak. Dènè ubarampènipun inggih kados makaten.
·         sekul jenè ingkang bentukipun kerucut.
·         sekul loyang, inggih punika sekul jenè ingkang dipunkum wonten ing toya, lajeng dipundang malih saha dipunsukani klapa parut.
·         entén-entén, inggih punika campuran klapa parut kaliyan gendhis klapa ingkang dipunmangsak ngantos garing.
·         bubur procot, dipundamel saking glepung wos, santen sacekapipun, gendhis klapa, ingkang dipunmangsak kanthi wetah, lajeng dipunlebetaken periuk ingkang salajengipun dipunmangsak sesarengan.



Komentar

Postingan populer dari blog ini

MANFAAT ES BATU UNTUK WAJAH

Ranukumbolonya Mbatang